Urip Mung Sak Derma Nglampahi

Ana ing tengahing urip bebrayan, kumpul karo tangga teparo pancen akeh pacobane, opo meneh yen iman`e ora kuat nyawang kiwa tengene sing luwih beja ing babakan bandha donya. Ana tanggane tuku motor bingung terus kepingin tuku padahal ora duwe duit ananging dipeksa utang supaya nduwe motor pada tanggane. Sejatine durung kuat tuku motor nanging gara-gara ora gelem kalah karo tanggane akhire di peksa utang supaya bisa nduweni motor. Durung genep setahun ngangsur motor nyatane ya ora kuat nganti motore ditarik saka pihak dealer.

Iku mau amung sak wijining tuladha sing ana kiwa tengene dewe, babakan urip pancen ora gampang, yen ora bisa nepakke karo kekuatane dewe bisa-bisa dadi gendheng merga kahanan. Yen mung ngurusi bandha donya ora bakal ana entek`e, urip mung sak derma nglampahi urusan bandha kuwi mung titipan, pangkat mung sampiran, nyawa mung gadhuhan. Ana piwulang jawa "bandha kenane lunga, drajat kenane minggat" yen pancen wis dikersakake Gusti, bandha lan drajat bisa ilang ing sakedheping mripat.

Pramila iku luwih becik urip apa anane ora usah digawe susah amarga urip iku mung sak derma nglampahi, sejatine urip, mati, jodo lan rejeki kabeh mau uwis ana sing ngatur. Ora usah kakean sambat lan ngresula amarga kabeh mau ora ana gunane. Menawa kabeh mau dilakoni apa anane mestine urip dadi gampang lan ayem, entuk akeh sithik di syukuri.

Sing paling penting yaiku rasa syukur marang pangeran, tansah eling yen urip ana ngalam ndonya iku namung sedela, kabeh pacoban urip iku mau manungsa namung sak derma bekti saha nglampahi. Budidayaning manungsa tan bisa ngungkuli garising kuwasa, menawi sedaya punika wau sampun dipun kersakaken ,titah namung saget pasrah sumarah, insani namung sadremi bekti saha nglampahi.

Comments

Post a Comment

Popular posts from this blog

''Semut di seberang lautan tampak, Gajah di pelupuk mata tak tampak,''

Prosedur Pembelian Barang Pada Perusahaan

Pengertian dan Jenis Masalah

Ojo Seneng Lamis

Sikap Ksatria: Yen Wani Ojo Wedi-wedi, Yen Wedi Ojo Wani-wani