Urip Iku Gampang Gampang Susah

Urip ana alam ndonya pancen werna-werna kahanane, apa meneh jaman saiki kudu pinter-pinter nyikapi kahanan urip. Urip iku pancen gampang-gampang susah, di omongke gampang yen kabeh mau wis ketemu diomongke susah yen kabeh mau durung ketemu.

Sing dimaksud gampang yaiku urip iku karasa gampang yen wes ketemu dalane, paribasan apa sing dikarepake mesti kelakon. Babakan jodo, rejeki, sandang, pangan, lan papan kabeh mau karasa gampang yen Gusti Allah wes ngeparengake. Urip iku amung sawang sinawang, yen nyawang konco utawa tonggo sing wes uripe mapan mesti gambarane mung meri mbayangke mesti uripe kae penak ora tau rekoso. Padahal kabeh sing dibayangake kuwi mau durung mesti kaya sing dibayangake, amarga kabeh sing diduweni kui mau mesti lantaran saka rekasa disik.

Terus sing dimaksud susah yaiku kabeh kekarepane durung bisa kaleksanan, pengen golek gawean ora entuk-entuk, pengen duwe bojo durung ana sing gelem, pengen duwe omah nanging duit ora duwe, pengen duwe duit akeh nanging anggone usaha tansah rugi terus, lan akeh meneh tuladha sing isoh dijupuk saka kiwa tengene dewe. Urip iki krasa susah ana sing nganti nglalu (bunuh diri,red) ngombe racun, mluncat soko gedung tingkat, ngantung , ono sing nganti edan lan sak panunggale amargo wis ora kuat ngadepi rekasaning urip. Apa meneh jaman saiki sing akeh wong ngomong iki jaman edan akeh wong sing nekat tumindak apa wae kanggo nuruti hawa nafsune.

Urip iku pancen gampang-gampang susah, ananging kabeh mau tergantung karo pribadi sing nyikapi, urip iki dianggep gampang yo gampang, dianggep susah yo susah sing penting manungsa kudu gelem bersyukur nrima kahanan lan kudu gelem nrima ing pandum lan ora ngresula. Ora perlu nggoyo amargo manungsa namung sakderma nglampahi opo sing wes dadi garising kuwasa.

Comments

Popular posts from this blog

''Semut di seberang lautan tampak, Gajah di pelupuk mata tak tampak,''

Prosedur Pembelian Barang Pada Perusahaan

Pengertian dan Jenis Masalah

Ojo Seneng Lamis

Sikap Ksatria: Yen Wani Ojo Wedi-wedi, Yen Wedi Ojo Wani-wani