Urip Mung Sak Derma Nglampahi
Ana ing tengahing urip bebrayan, kumpul karo tangga teparo pancen akeh pacobane, opo meneh yen iman`e ora kuat nyawang kiwa tengene sing luwih beja ing babakan bandha donya. Ana tanggane tuku motor bingung terus kepingin tuku padahal ora duwe duit ananging dipeksa utang supaya nduwe motor pada tanggane. Sejatine durung kuat tuku motor nanging gara-gara ora gelem kalah karo tanggane akhire di peksa utang supaya bisa nduweni motor. Durung genep setahun ngangsur motor nyatane ya ora kuat nganti motore ditarik saka pihak dealer. Iku mau amung sak wijining tuladha sing ana kiwa tengene dewe, babakan urip pancen ora gampang, yen ora bisa nepakke karo kekuatane dewe bisa-bisa dadi gendheng merga kahanan. Yen mung ngurusi bandha donya ora bakal ana entek`e, urip mung sak derma nglampahi urusan bandha kuwi mung titipan, pangkat mung sampiran, nyawa mung gadhuhan . Ana piwulang jawa "bandha kenane lunga, drajat kenane minggat" yen pancen wis dikersakake Gusti, bandha lan drajat bis