Podo Ngilo`o Githok`e Dewe

Urip neng ngalam ndonya nyatane ora gampang, apa meneh ana lingkungan masyarakat, instansi utawa perusahaan. Rasa iri, dengki, jahil, methakil ora adoh saka kiwa tengene dewe, amarga kabeh kuwi mau uwis dadi sifate manungsa. Ananging ora saben uwong nduweni sifat kui sak kabehe, isih ana uwong sing nduweni sifat lembah manah, andap asor marang manungsa siji lan sijine.

Babakan urip nyatane yo ora gampang, mesti ana wae tangga utawa kanca sing ana kiwa tengene dewe sing seneng usil, senengane ngenyek wong liya, nganggep wong liya luwih ala katimbang awak`e dewe. Senengane nggede, ngremehke wong liya kaya-kaya`a awak`e dewe ki menungsa sing paling sempurna ora ana cacat. Biasane uwong sing nduweni sifat sing kaya mengkono kuwi ora duwe kanca utawa tangga, amarga durung mesti wong sing seneng nyacat wong liya prilaku lan tindak tanduk`e luwih apik katimbang uwong sing dicacat.

Pramila iku luwih prayoga kita sami pada ngiloo githok`e dewe, supaya bisa ngajeni wong liya, durung mesti tindak tanduk`e awak`e dewe luwih becik katimbang wong liya. Ngilo githok`e dewe ateges manungsa kudu bisa mawas diri apa tindak tanduk`e wes bener tenan, lan ugo kudu ngrumangsani apa sing dadi keluwihan lan kekurangan pribadine dewe. Ora perlu mbiji tindak tanduk`e wong liya amargo tindak tanduk`e wong liya durung mesti luwih becik katimbang uwong sing seneng ngremehke wong liya, pramila ayo pada tumindak becik marang sak pada padaning wong urip supaya akeh sedulur. Ngajeni wong liya, lembah manah, andap asor lan tumindak becik marang sak pada-pada supaya urip dadi tentrem.

Ngilo Githok`e dewe: Bercerminlah pada tengkuknya sendiri.
Ngiilo : bercermin
Githok : tengkuk
Dewe : Sendiri.
Arti yang terkandung :
Kita diajak untuk melihat dan mengetahui tentang diri kita lebih jauh. Selain ada kebaikan ada juga kekurangan dan kelemahannya. Kita diajak untuk menyadari akan kekurangan dan kelemahan kita sendiri.(Cah nDesa)

Comments

Popular posts from this blog

''Semut di seberang lautan tampak, Gajah di pelupuk mata tak tampak,''

Prosedur Pembelian Barang Pada Perusahaan

Pengertian dan Jenis Masalah

Ojo Seneng Lamis

Sikap Ksatria: Yen Wani Ojo Wedi-wedi, Yen Wedi Ojo Wani-wani