Podo Ngilo`o Githok`e Dewe
Urip neng ngalam ndonya nyatane ora gampang, apa meneh ana lingkungan masyarakat, instansi utawa perusahaan. Rasa iri, dengki, jahil, methakil ora adoh saka kiwa tengene dewe, amarga kabeh kuwi mau uwis dadi sifate manungsa. Ananging ora saben uwong nduweni sifat kui sak kabehe, isih ana uwong sing nduweni sifat lembah manah, andap asor marang manungsa siji lan sijine. Babakan urip nyatane yo ora gampang, mesti ana wae tangga utawa kanca sing ana kiwa tengene dewe sing seneng usil, senengane ngenyek wong liya, nganggep wong liya luwih ala katimbang awak`e dewe. Senengane nggede, ngremehke wong liya kaya-kaya`a awak`e dewe ki menungsa sing paling sempurna ora ana cacat. Biasane uwong sing nduweni sifat sing kaya mengkono kuwi ora duwe kanca utawa tangga, amarga durung mesti wong sing seneng nyacat wong liya prilaku lan tindak tanduk`e luwih apik katimbang uwong sing dicacat. Pramila iku luwih prayoga kita sami pada ngiloo githok`e dewe, supaya bisa ngajeni wong liya, durung mesti tind