Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane

Saka cerita ing nduwur mau isoh diumpamakke gupak pulut ora mangan nangkane sing artine kesel anggone makaryo ananging ora ana hasile. Saben ono gawean karepe pengin di ayahi kabeh tanpa nganggo itung-itungan sing mateng, sing tibo mburine kabeh gawean sing ditompo mau akeh sing rugi. Uwis sakmestine uwong yen kepengen usaha kudu isoh maca kahanan, kudu pinter-pinter anggone ngelola duit, ojo nganti gegeden empyak kurang cagak.
Uwong yen pengen mulya ya kudu gelem rekasa, ora gaco mancal kudu pinter-pinter anggone ngecakke duit supayane duwe bati sing akeh jumbuh karo rekasane. Aja amung gaco waton nglundung tanpo pitung sing titis, supaya sing rekasa kuwi mau isoh ana hasile, isoh di rasakne anggone rekasa kerja awan lan bengi.
Comments
Post a Comment